Pangretosan Sekar Macapat
Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten (Padmosoekotjo,1960:25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi mrathah wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking kérata basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawan wanda (sukukata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat.
Sekar menika kinten-kinten tembé kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapahit saha wiwitan walisanga nyepeng kuwasa. Nanging menika ugidèrèng mesthi, amargi boten wonten ingkang gathuk saged mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram Énggal, kados déné Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran menika wonten ing:
1. Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia:bait).
2. Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia:suku kata) saben gatra.
3. Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.
Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titi laras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.Mungguh urut-urutanipun sekar, kadosta mekaten:
1. Maskumambang.Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan
ibunipun, dèrèng kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung
utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wontening kandhutan ibunipun.
ibunipun, dèrèng kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung
utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wontening kandhutan ibunipun.
2. Mijil.tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
3. Sinom.tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kanggenipun
tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.
4. Kinanthi.Saking tembung kanthi utawi tuntuning kang ateges dipuntuntun supados
saged mlampah ngambah panguripaning alam ndonya.
5. Asmarandana.Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jalèr saha èstri saha kosok
wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.
6. Gambuh. Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang ateges bilih sampun
jumbuh/sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami
nggadahi raos tresna wau,ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
7. Dhandhanggula.Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen,menapa ingkang
dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhah putra,gesang
cekap kanggé sakulawarga. Pramila menika tiyang ingkang saweg bungah/ bombong
penggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula.
8. Durma.Saking tembung darma/wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan
gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang
sawenandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/wèwèh marang
sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami
saha watak sosialipun manungsa.
9. Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka. Ingkang dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.
10. Megatruh.Saking tembung megatroh utawi pegatrohipun/nyawanipun,awit sampun
titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.
11. Pocung.Bilih sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi
dipocong sadèrèngipun kasarèkaken
Saged ugi kababar kados mekaten:
Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom), gadhah raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanès (Asmaradana). Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun ketingal éndah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) menggalih donya saha akhérat. Tambah sansaya mundur (Durma) mungkuring kadonyan (Pangkur) ngadhepi akhérat mula genturng ibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).
Tabel Sekar
Supados langkung gampil mbédakakén setunggal saha setunggalipun, inggih menika guru gatra, guru wilangan saha guru lagu saking sekar-sekar wau, saged dipuntata jroning tabel kados ing ngandhap menika:
Guru gatra, guru wilangan, saha gurulagu tembang macapat
NO | JenengéTembang | Guru Gatra | Guruwilangan | |||||||||
GuruLagu | ||||||||||||
1 | 2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 | 9 | 10 | |||
1. | Maskumambang | 4 | 12i | 6a | 8i | 8a | ||||||
2. | Pocung | 4 | 12u | 6a | 8i | 12a | ||||||
3. | Gambuh | 5 | 7u | 10u | 12i | 8u | 8o | |||||
4. | Megatruh | 5 | 12u | 8i | 8u | 8i | 8o | |||||
5. | Mijil | 6 | 10i | 6o | 10e | 10i | 6i | 6u | ||||
6. | Kinanthi | 6 | 8u | 8i | 8a | 8i | 8a | 8i | ||||
7. | Asmaradana | 7 | 8i | 8a | 8e/o | 8a | 7a | 8u | 8a | |||
8. | Durma | 7 | 12a | 7i | 6a | 7a | 8i | 5a | 7i | |||
9. | Pangkur | 7 | 8a | 11i | 8u | 7a | 12u | 8a | 8i | |||
10. | Sinom | 9 | 8a | 8i | 8a | 8i | 7i | 8u | 7a | 8i | 12a | |
11. | Dhandhanggula | 10 | 10i | 10a | 8e | 7u | 9i | 7a | 6u | 8a | 12i | 7a |
(karangkum saking pinten-pinten sumber)