Jago kate
Jago kate te te te Kuk kuk kluruk kok
Amecece ce ce ce kuk kuk kluruk
Dibalang watu bocah gundhul keyok
kena telihe, jranthal pelayune
Mari umuk mari ngece
si kate katon yen tukung
Pitik walik
Pitik walik jambul,
sega golong mambu enthong
Mangga sami kondur,
weteng kula sampun kothong
Enake enak sega liwet jangan terong
Enake enak sega liwet jangan terong
Teronge bunder-bunder sapa sregep dadi pinter
Teronge ijo-ijo sapa keset dadi bodho
Menthog-menthog
Menthog-menthog tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu
Megal-megol gawe guyu