Assalamu\alaikum Wr. Wb
Alhamdulillah ammaba\du
Wonten ngarsanipun para pinisepuh sesepuh ingkang dahat kinabekten
Para ‘alim para ulama ingkang pantes dipundhereki
Linangkung wonten ngarsanipun bapa pangarsa …….ingkang pantes kinurmatan.
Wonten ngarsanipun bapak miwah ibu guru ingkang kula hormati
Para jamaah pengaosan kakung putri ingkang dipunmulyakaken dening Allah SWT.
Langkung rumiyin mangga kula dherekaken ngunjukaken raos puja miwah syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang hakarya jagad, amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita saged makempal manunggal wonten papan menika kanthi wilujeng boten manggih alangan satunggal menapa Allahumma Amiin
Shalawat lan salam mugi tansah kunjuk wonten ngarsanipun Nabi pungkasaning jaman Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu-antu menggah syafaatipun wonten donya menapa wonten akhirat benjingl.
Para jama’ah kakung putri ingkang punmulyakaken dening Allah
Nuwun sewu awit kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan sami. Keparenga kula ingkang kapiji ngaturaken sesorah basa jawi badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “NIAT PUSAKANING PAKARTI”
Kenging menapa niat ingkang dados pokok andharan dinten menika. Awit tanpa niat ingkang leres sedaya pakarti utawi tindak tanduk ingkang katindakaken menika muspra. Kenging menapa muspra ? Awit menawi tumindak utawi makarti menika tanpa nyebat asmanipun Allah, pakaryan ingkang dipuntindakaken menika mboten pikantuk pahala.
Supados pikantuk pahala lan tumindak menika kagolongaken amal sholeh, wajib ukumipun maos basmallah utawi bismillahirohmanirrohim. Awit lafal bismillah menika kagungan teges ingkang lebet .
BISMILLAHIRROHMANIRROHIM
Bismillahi
Ø miwiti ngaji ingsun kelawan nyebut asmaning Gusti Allah.
Tegesipun sedaya tumindak menika kagolongaken ngaji utawitunindak ingkang sae. Satemah tumindak ingkang sae menawi mboten nyebat asmanipun Allah SWT menika muspra/kosong. Menawi dipunjarwakaken tiyang ingkang nyambut damel mboten nyebat asmaning Allah namung pikantuk asil seking pakaryanipun, ananging mboten angsal pahala saking pakaryanipun sinaosa menika pakaryan utawi tumindak sae.
Para pilenggah ingkang pun mulyakaken dening Allah SWT
Awit sifatipun Gusti Allah.
Ar- Rahmani
: Dzat kang paring welas lan murah ing dalem donya lan akhirat.
Tegesipun Allah menika Maha Mirah dhateng sedaya makhluk.mboten bedakaken setunggal saha sanesipun
Tuladhanipun :
Tiyang muslim wonten ingkang sugih, tiyang kristen, hindu, lsp. Ugi wonten engkang sugih. Ananging ugi wonten ingkang miskin dados kepara tumindak mboten maos asmaning Allah dados sami kaliyan agama sanesipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan
Sipate Gusti Allah malih, Ara rohimi
Dzat kang paring welas lan asih ing ndalem akhirat blaka.
Tegesipun Allah menika paring karohmatan lan pitulungan benjing ing akhiratn kagem tiyang islam kemawon. Wodene agama sanes mboten pikantuk pitulungan Gusti Allah SWT. Menika bedanipun dados tiyang ingkang asring nyebut asmaning Allah krana nyadhong kawelasanipun, benjing ing akhirat badhe dipungolongaken tiyang ingkang slamet. Saking andharna menika gamblang menawi niat menika wigatinipun maos bismillahirahmanirrahim.
Satunggaling hadist ngandharake :
Innama a’malu bin niat
Sedaya pakaryan menika gumantung niat saking pakaryan menika. Kepara sae lan awon menika gumantung saking niat saha usada ingkang katindakaken.
Dudutanipun ampun ngantos kesupen nyebat asmanipun Allah ing saben nindakaken pakaryan supados pikantuk pahala saking menapa ingkang katindakaken. Allahumma amiin
Para rawuh ingkang kula hormati
Mbok menawi cekap semanten. Kathah lepat saha kirangipun anggen kula ngaturaken sesorah kula nyuwun pangapunten. Kupat dudue santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
assalamu’alaikum.wr.wb