Breaking

Tuesday, September 13, 2016

KISI-KISI PTS SEMESTER GASAL 2016-2017

Kisi-kisi punika dipundamel kagem engkreng-engkrengan bab menapa kemawon ingkang samangke badhe kadamel soal PTS SMA N 2 YOGYAKARTA. Wondene ing ngandhap kasamektakaken kisi-kisi adhedhasar kelas :

KELAS X
1. Pawartos
   - Pangretosan pawartos, Jurnalistik lan Jurnalisme.
   - Jejibahan utawi tugas ingkang wonten gayutipun kaliyan jurnalistik.
   - Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawartos. Ugi ingkang kasebat 4 W.
   - Jinising pawartos, kados koran, majalah lan internet.
   - Namaning koran lan majalah inkang abasa jawa lan mboten basa jawa.
   - Nyipta pawartos lan ngudhal isining pawartos.
   - Jining palaporan belita, kados laporan bencana, kesehatan, lsp.
   - WAJIB MAOS KAWRUH TEMBUNG lan TEMBUNG INGKANG LUPUT.
   - WAJIB MAOS TEORI SAKING MODUL lan SAKING BLOG MENIKA.
 
2. Cariyos Pengalaman Pribadhi
   - Pangretosan cariyos pengalaman pribadhi, paragraf naratif,
   - Jinising seratan naratif lan kateranganipun.
   - Unsur intrinsik lan ekstrinsik satunggaling seratan.
   - Nyipa lan ngudhap wosing seratan cariyos pengalaman pribadhi.

KELAS XI
1. Pranatacara.
   - Dasa nama Pranatacara lan Pamedhar sabda.
   - Olah basa lan sastra, Olah raga, Olah busana lan Olah swara.
   - Purwakanthi lan wangsalan.
   - 4 W wirama wicara wiraga wirasa.
   - Tembung ingkang lepat ing basa jawa.
   - Wujuding 7 olah raga.
   - Bab ingkang kedah dipunsirik nalika maraga.
   - Struktur pranatacara saha pambagya harja.
   - Nyipta lan ngudhal wosing isi saking satunggaling teks MC/Pambgya harja.
   - WAJIB MAOS KAWRUH TEMBUNG lan TEMBUNG INGKANG LUPUT.
   - WAJIB MAOS TEORI SAKING MODUL lan SAKING BLOG MENIKA

2. CAMPURSARI
   - Pangretosan campursari, Bawa.
   - Jinising tembang campursari saha tuladhanipun.
   - Pados tokoh penyanyi campursari min 5 tiyang saha papan dunungipun.
   - Piwulang wonten salebeting cakepan tembang campursari.
   - Kasusastran ingkang kaemot ing cakepan campursari.
   - Nama paraga ingkang nyekaraken campursari. Kakung/putri.