Gineman ing ngandhap menika tuladha gineman anatawis tiyang sepuh kaliyan lare anem. (Ibu-anak)
Ibu : Dhuk mrene tak kandhani!
Ana : Inggih bu....
Ibu : Dhuk ibu nyuwun tulung tumbaske tempe ing warung!
Ana : Inggih bu, menika namung tumbas tempe kemawon utawi taksih
wonten sanesipun bu?
Ibu : Karo lengo ya ndhuk.!
Ana : Inggih nu...kula nyuwun pamit rumiyin...
Ibu : ngati-ati ya ndhuk, aja lali terus bali aja mandheq mayong!
Ana : Mandheg mayong menika menapa bu.?
Ibu " Mandheg mayong kuwi menapa lunga banjur wis rampung urusane
ora banjur mulih!
Ana : Inggih bu. Kenging menapa bu mboten pareng mandheg mayong
mekaten?
Ibu : Amarga tumindak mandheg mayon kuwi tumindak kang ora becik.
Ana : Sarunipun menika wonten pundi bu, menika lak nggih namung
mampir kemawon?
Ibu : Miturut tata krama jawa iku ora sopan amarga padha wae
karo tumindak kang ora pamit.Menawa awakmu arep mandheg
utawa mampir, prayogane mulih sikik banjur ganti klambi, menawa
uwis nembe pamit marang ibu utawa bapak.
Ana : Oww mekaten bu.?
Ibu : Iya....saliyane kuwi uga supaya bapak lan ibu ora kwatir marang
keslametanmu. Amarga uwis ngerti menapa kowe arep dolan nang ngendi.
Ana : inggih nu kula sampun paham.
Ibu : Menawa paham saiki enggal mangkat tuku tahu nang warung ndhuk!
Ana : inggih bu.....Assalamu'alaikum
Ibu : wa'alaikum salam