Pawartos utawa berita
Ing jaman modern pumika ingkang nama pawartos gampil sanget dipunpanggihaken. Beda kaliyan jaman kawuri nalika pawartos dipunbiwarakaken ngginakaken media utawi piranti ingkang sarwa prasaja, kadosta penthongan, kebul, utawi bengok-bengok. Ing jaman modern kados ing wekdal menika pawartos saged kabiwarakaken ngginakaken piranti ingkang sarwa canggih lan modern. Pawartos ingkang badhe kabiwarakaken menika saged ngginakaken media elektronik kadosta TV, Radio, Internet saha ngginakaken media cetak kados ariwarti (koran) saha Kalawarti (majalah). Bab ingkang kedos mekaten temtu mdadoskaken gampilaken anggenipun babar utawi biwarakaken satunggaling pawartos.
Ariwarti ingkang nate medal ing jaman kawuri inggih kados ing ngandhap menika :
- Juru mertani
- Eka martani
- Jawi kandha
- Jawi hiswara
- Darma kandha
- Budi utama
- Bramarthani
Ariwarti juru martani kang ing tembe aran Era martani iku sawijining ariwarti jawa ingkang langkung sepuh piyambak, saha ingkang dangu piyambakngantos warsa 80-an, ing wulan Februari 1932. Ariwarti menika panyeratipun ngginakaken aksara jawa, amargi aksara latin ing basa jawa nembe dipunginakaken ing warsa 1910.
Kalawarti inggih menika pawartos ingkang terbitiipun kadang kadang utawi namung kala mangsa, bisa saben minggu, setengah sasi sepisan, utawi saben sasi sepisan. Kalawarti ingkang kaanggep ageng ing wedal menika jaman padmasusastra ing jaman tekane Jepang ing warsa 1942 inggih menika L
- Sasadara
- Candra kantha
- Kajawen
- Penyebar semangat
- Pustaka jawa
- Wibisana
- Swara tama
- Damar jati
- Parikesit
Wondene kalawarti ingkang medal nalika jaman kamardikan kados ing ngandhap menika :
- Sri jayabaya weton Kediri warsa 1945
- Surya candra weton Ngayogyakarta
- Penyebar Semangat weton Surabaya\
Wondene ingkang taksih gesang ngrembaka ngantos dinten menika inggih menika :
- Kalawarti Jayabaya Kediri
- Kalawarti Penyebar Semangat Surabaya
- Kalawarti Mekarsari saha Djaka Lodhang Ngayogyakarta
Ngantos sing wekdal menika dereng nate wonten ariwarti ingkang kaserat ngginakaken aksara jawa. Sanesipun kalawarti ugi wonten serat utawi pawartos ingkang saemper kaliyan kalawarti kados ing ngandhap menika :
- Candrawarti inggih menika layang utawi pawartos ingkang medal saben wulan utawi saben sasi pisan. tuladha : Parikesit
- Dwikala inggih menika pawartos ingkang medal saben sasi kaping kalih utawi saben kalih minggu.
- Saptawarti inggih menika layang utawi seratan ingkang medal saben minggu. tuladha : Bramarthani (ariwarti), Djaka Lodhang, Penyebar Semangat (Kalawarti)
Miturut pangretosanipun
Pawartos inggih menika palapuran ingkang kababar lumantar media, kanthi ancas paring seserepan utawi kabar, pendhidhikan, opini, hiburan kangge masyarakat ingkang nampi pawartos kala wau.Wondene tiyang ingkang mboten nampi pawartos kala wau temtu mboten badhe pikantuk pawartos ingkang dipunandharaken menika. Bab ingkang wonten jumbuhipun kaliyan pawartos inggih menika babagan jurnalitik. Jurnalistik dipunngertosi sedaya palapuran katujokaken dhateng masyarakat. Wondene Jurnalisme inggih menika bab ingkang magepokan kaliyan dumadosing pawartos kawit saking ngempalaken data, media, paraganipun ingkang asipat jurnalistik.Nalika satunggaling tiyang badhe gladhen utawi maraga dados penyiar temtu mbetahaken keterampilan khusus saha kedah nggatosaken bab kados ing ngandhap menika.
Bab ingkang kedah dipungatosaken magepokan kaliyan teknik pamaosing pawartosing radio kados ing ngandhap meniika inggih menika
- Intonasi : bab ingkang jumbuh kaliyan andhap inggiling swanten.
- Vokal/pocapan : bab ingkang jumbuhkaliyan cetha utawi mbotenipun konsonan saha vokal.
- Basa baku : Bab ingkang jumbuh kaliyan basa baku Yogyakarta utawi solo.
- Volume : Ageng utawi soranipun swanten menawi maos pawartos satemah tiyang ingkang mireng menika saged gamblang saha cetha kaliyan pawartosipun.
Wondene sanesipun menika bab ingkang megepokan kaliyan maos pawartos ing TV inggih menika
- Wiraga : bab ingkang jumbuh kaliyan obahing badan nalika maos pawartos. Tegesipun nalika maos pawartos menika mboten kathah usrek/usil
- Wirama Pawmaosing pawartos kedah nggatosaken bab menapa ingkang dipunandharaken supados saged maringi penekanan wonten ing bab tertamtu.
- Wicara Inggih bab ingkang kedah dipungatosaken jumbuh kaliyan cetha, blero mbotinipun swanten nalika maos pawartos.
- Wirasa inggih bab ingkang jumbuh kaliyan pangraosing pawartos menika satemah saged menghayati wosing pawartos kasebat.
- Irah-irahan (judhul)
- Titi mangsa
- Pambukaning pawartos minangka ukara pambuka kang ngemu informasi penting
- Lantaran yaiku tembung kang nglantaraken antarane pambukaning pawartos saha badaning pawarta.
- Badan utawa jangkepung pawarta
- Pungkasaning pawarta.
Asipat publisitas
Pawartos ingkang dipunandharaken menika gampil dipunmangertosi tiyang sanes satemah wajib ngginakaken basa ingkang baku mboten dialek utawa kepara malah idiolek.
Aktual
Informasi kedah up date utawi pawartos menika mboten ketinggal ing wekdal. Satemah satunggaling wartawan kedah pinter anggenioun pados pawartos ingkang narik kawigaten saha enggal.
Objektif
Ngandharaken pawartos menika kedah imbang mboten pilah pilih tegesipun bilih menawi masyarakat menika betahaken pawartos menika, para wartawan kedah enggal ngliiput saha kabiwarakaken dhateng masyarakat.
Narik kawigaten
Ngrembak bab ingkang saged narik kawogatosanipun para warga.Dene pawartos ingkang dipunandharaken menika sanget dipunbetahaken dening masyarakat saha wigati tumprap masyarakat. Satemah babagan panyerating irah-irahan menika wigati sanget dipungatosaken. Amargi irah-irahan ingkang sae adamel tiyang ingkang maos pawartos menika remen lan gadhah raos pengen maos pawartos menika..
5 W + 1 H
Saged Mangsuli 5W + 1 H menika ugi bab ingkang mboten saged dipunlirwakaken satemah berita utawi pawartos menika saged dipuntanggel jawabaken. Amargi menawi satunggaling pawartos mboten ngemu bab menika temtu wosipun kirang utawi risak pawartanipun.
- Tiyang ingkang ngaturaken pawartos sinebut penyiar.
- Penyiar ingkang maosaken wosing pawartos sinebut orator
- Tiyang ingkang pados pawartos sinebut wartawan
- Tiyang ingkang maosaken wosing pawartos kanthi jlentreh sinebut narator.
Sumber :
LKS Eksis Modul Pintar
LKS Kawuryan
Google.com
Sampun kawontenaken ewah-ewahan sawetawis anggeipun mendhet sumber. matur nuwun