Tembung ing ngandhap menika tembung-tembung ingkang lepat panganggenipun ananging sampun mrantah utawi umum.
- Sahingga (Sehingga) leresipun satemah
- Karawuhan (Kesurupan) leresipun Rawuh
- Nika/niki/niku (ini/itu) leresipun menika/punika
- Ngancik (menginjak) leresipun dungkap
- Karanten (Karena) leresipun Amargi
- Makempal (- kumpul) leresipun kempal manunggal/Nyawiji/Pepanggihan
- kita (kita) leresipun kula panjenengan/kula lan panjenengan
- kula hormati (saya hormati) leresipun tuhu kinurmatan/kula kurmati
- Rayi kula (adikku) leresipun adhi kula
- Dipunsampekaken (disampaikan) leresipun dipunaturaken/dipunslirani
- Ketigen (kemarau) leresipun ketiga
- Sambutan (sambutan) leresipun medhar sabda/tanggap sabda.
- Khususipun (khususnya) leresipun mliginipun
- Nggadhahi (mempunyai) leresipun gadhah
- Kula ingkang bekta acara leresipun kula minangka pranatacara
- Wonten pangarsanipun leresipun wonten ngarsanipun
- Sepindhah (pertama) leresipun sepisan
- Dipunmilai (dimulai) leresipun dipunwiwiti
- Dipunmulyakaken (dimuliakan) leresipun minulya (org meninggal)
- Dipunpajatken (memanjatkan) leresipun konjuk
- Rencang-rencang (teman) leresipun kanca
- Susunan leresipun ranataman
- Para lenggah (orang yang duduk) leresipun para pilenggah/para ingkang sami lnggah
- Pembuka leresipun pambuka
- Penutup leresipun panutup
- Serta leresipun sarta
- Para bapak-bapak leresipun para bapak/bapak-bapak
- Para ibu-ibu leresipun para ibu/ibu-ibu
- Acara ingkang kalih leresipun acara ingkang kaping kalih
- Lir ing sambikala leresipun nir ing sambikala
- Wonten ing mriki leresipun wonten ing ngriki/ wonten ing papan menika
- Wakil/perwakilan leresipun sesulih/sulih srira