Breaking

Wednesday, May 25, 2016

KISI - KISI BASA JAWA UKK 2015/2016

Menika kula serataken kisi-kisi UKK 2015/2016 , dene ing samangke kasuwun para siswa ngempalaken materi dene ingkang kirang paham saged pepanggihan kaliyan kula.

KELAS X
1. Aksara Jawa
    - Sujarah aksara jawa.
    - Filosofi aksara jawa.
    - Sipat aksara jawa
    - Piwulang saking cariyos aksara jawa.
    - Araning sandhangan (Sandhangan swara, panyigeg, wyanjana)
    - Nyerat saha maos aksara jawa.
    - Njangkepi seratan utawi wacan aksara jawa ingkang kirang.
    - Madosi piwulang saking serat mawi aksara jawa.

2. Seni Pertunjukan
    - Kesenian Jathilan
    - Kesenian Angguk
    - Kesenian Campur
    - Kesenian Topeng ireng
    - Kesenian Kubro Siswa
    - Kethoprak / Jenis kethoprak.
       (Kapadosi saking sujarah, alat musik, sekar pangiring lan bab ingkang beda)
    - Nama-nama kesenian saking wewengkon Ngayogyakarta.
    - Dasanama saking pethikan teks drama.

3. Wayang / Ringgit
    - Bagan wayang saking resi abyasa.
    - Istilah pewayangan.
    - Cariyos wayang mahabharata.
    - Piwulang saking cariyos wayang.
    - Dasanama senjata lan dasanamanipun banyu, geni, segara, lemah, angin.
    - Pandhawa lima kedah apal lan jangkep kaliyan kateranganpun.


KELAS XI

1. Artikel

    - Pangretosan artikel lan tembung wiwitanipun.
    - Jinising seratan (deskripsi, narasi, eksposisi lsp)
    - Jinising karya jurnalistik.
    - Waosan artikel.
    - Dasanama tembung saking waosan artikel.

2. Cerkak
    - Pangretosan cerkak
    - Unsur instrinsik lan ekstrinsik.
    - Peranganing unsur instrinsik (Alur : maju, mundur, campuran, lsp)
    - Piwulang saking waosan cerkak.
    - Bedanipun cerkak, novel, lan cerbung.
    - Nyebataken jinising karya sastra (fabel, mite, wiracarita, legendha, lsp)

3. Layang
    - Pangretosan layang.
    - Peranganing layang (adangiyah, satata basa, lsp).
    - Nyebataken peranganing layang saking wujud seratan.
    - Jinising layang (ulem, lelayu, lsp)

4. Uyon-uyon
    - Pangretosan uyon-uyon.
    - Jinising lan aran gamelan.
    - Jinising gendhing adhedhasar papan pagelaran utawi fungsi.
    - Jinising gamelan adhedhasar sora utawi mbotenipun swanten.
    - Gerongan (T. Kinanthi), lan umpak-umpak (Wangsalan - Purwakanthi) saking PPT
    - Jinising Purwakanthi (swara, sastra, basa/lumaksita)
    - Istilah wonten ing uyon-uyon (T. Bawa, G. Buka, Pathet, Titil laras, lsp).
    - Piwulang saking tembang gerong.
    - Parafrase saking tembang gerong.

Mekaten kisi-kisinipun